Kamis, 05 November 2020

Kelingan Sliramu ...

 Nalika Sepi

Pasuryanmu sing bening
Tumiba ing banyu mili turut pletheking surya
Saya suwe tansaya adoh
Ninggalake sepi
Tan ana sabawa gumrisiking alang alang
Aku mung bisa nyawang
Pasuryanmu sing kagawa banyu mili turut kali
Nganti datan katon kasaput pedut.


Selomerto, Sept 2014

UDAN WAYAH SORE

udan riwis-riwis nggawa angin gumanti
ora kaya nalika kang kawuri sing kebak pangarep-arep
dikaya ngapa lemah wus kebanjur teles

sesuk esuk yen sang surya wiwit sumunar
lan manuk kepodang colat-colot ana wit gedang
tak tunggu tekamu ing sak ngisore payung
tak kanthi lakumu tumeka ngendi

mbokmenawa sesuk sore wus ora udan riwis-riwis
marakake gawe kekesing ati
manuk kepodang wus mabur mangulon
nanging tetep tak tunggu tekamu.

 Leksono, Juni 2012































Kangen Sliramu ...

RON GARING Wengi sansaya atis nalika aku sesingidan ing sajroning swara gamelan kang digawa dening angin prasasat tan kendhat anggon...